“Ibuku Kang Wis Swargi”
Dening : Suryadi WS
Mung telung minggu sawise aku pasang wara-wara “Nggoleki Kanca Lawas” ing PS,
kanca sing dakgoleki iku tekan ngomahku. Pensiunan perwira tinggi Angkatan Darat, asma
Widodo. Nadyan wis sepuh saumuranku nanging isih prigel nyetir mobil dhewe saka daleme ing
Yogya tekan ngomahku ing Trucuk, Klaten.
Saupama ora tilpun sadurunge, wis genah padha panglinge. Teka dhog padha salaman lan
rerangkulan. Keakraban pada dirasakake kaya jaman isih padha amor sekolah lan bareng numpak
sepur saben dina, setengah abad kepungkur.
Sa-awan jagongan gayeng nyritakake lelakone dhewe-dhewe. Tetela aku lan dhik
Widodo iku ing taun 1998 biyen tau tunggal sapapan nganti meh patang puluh dina, ing tanah
suci Medinah lan Mekah. Nanging ya padha ora ngertine. Upama kepethuk bola-bali ing kana ya
mesthi pangling.
Pungkasaning jejagongan wong loro padha muji syukur ing Pangeran dene padha dene
diparingi umur dawa lan bali ketemu maneh sawise pisah setengah abad, padha diparingi anak
kang becik-becik lan pinter-pinter, diparingi nasib kang becik nganti dina tuwa. Dhik Widodo
pamit bali nyang Yogya.
Sapungkure dhik Widodo, aku lungguh dhelog-dhelog, kelingan lelakon dhek semana.
Lelakon setengah abad kepungkur nalika aku lulus es-em-a, sing njalari aku isih bisa bali ketemu
mitra kenthelku Widodo. Sakala aku kelingan ibuku kang wis seda patang taun seprene ing
yuswa kang panjang 91 taun. Ibuku, wanita kang kebak rasa welas lan asih marang putra-
putrane. Ibuku, sing saben wand Subuh wis kluthekan ing pawon cethik geni kanggo
nggawekake sarapan aku sadurunge budhal menyang stasiun numpak sepur arep sekolah ing
Sala.
Dhek semana, sawise aku lan dhik Widodo lulus kanthi biji apik, wong loro sepakat arep
nerusake sekolah menyang Akademi Militer Nasional ing Magelang. Nanging ibuku ora setuju.
"Le.., aku ora seneng kowe mlebu mrono njur dadi tentara.
Mengko saben kowe mangkat perang atiku tansah ketir-ketir, kuwatir yen ana apa-apa. Aku
luwih seneng kowe dadi guru, terus yen bengi sok ngisi cramah agama mulang warga
masyarakat marang dalan kang lurus. Wong urip iku yen bisa ya mulya donya mulya akerat.”
Dhek semana aku isih nganyang, “Yen ngaten kula mlebet ATEKAD mawon, Bu.
Akademi Teknik Angkatan Darat. Mangke nggih dados tentara, nanging mboten bageyan perang,
namung bageyan teknik, upamane mbangun jembatan dharurat. Kados tentara sing damel kreteg
ing lepen Wangku dhek emben nika lho, Bu. Sing mimpin nika perwira lulusan ATEKAD.”
Ibu mikir sauntara, wekasan manthuk. Aku banjur ndaftar mlebu ATEKAD ing Bandung,
dene dhik Widodo tetep miebu AMN ing Magelang. Nempuh pendhadharan saringan, bisa lulus.
Sadurunge budhal menyang asrama, isih kober ketemu karo dhik Widodo. Padha salam
pepisahan.
“Nganti ketemu mbesuk yen wisudha perwira pertama sawise padha lulus,” ucape dhik
Widodo dhek semana.
Aku tata-tata mangkat menyang papan pendhidhikan ing Bandung. Nalika tuku tiket bis,
ketemu mas Slameta, tanggaku tukang kayu. Dheweke jebul uga arep menyang Bandung, merga
lagi kerja ing proyek bangunan gedhung ing kana. Kebeneran, ana kancane greneng-greneng ing
dalan. Mangkate dina Senen jam
loro awan.
“Sesuk takampiri nyang omahmu, Dhik”,ngono tembunge mas Slameta.
“Iya, Mas.”
“Lan kapan-kapan nek dina Minggu aku tak dolan nyang asramamu. Aku wis weruh
nggone kok”
“Wah, aku seneng, Mas, nek kowe dolan mrana. Bisa dadi tamba kangen ngomah.”
Wis mantep rasaku, dina Senen sesuk bakal budhal menyang papan adoh, pisah karo ibu-
bapak lan sedulurku sing daktresnani, ninggal kanca-kanca sing wis akrab wiwit cilik, ninggal
desa lan pasawahan asri kang wis nggedhekake aku, kabeh mau kanggo miyak dalan marang
dina tembeku kang becik lan beqja. Koper isi sandhangan lan liya-liyane wis daktata, sangu uga
wis dakcepakake.
Nanging bareng tekan dina Senen jam loro kurang lan mas Slameta ngampiri menyang
nggonku, jebul ibu nganeh-anehi. Tanganku dicekel kenceng banget kaya sumelang yen ucul,
karo kandha ngarih-arih:
“Le, kowe aja mangkat saiki. Mangkata suk Rebo apa Kemis wae.”
“Lho, kula sampun kelajeng tumbas tiket, Bu. Yen boten mangkat rak rugi kecalan arta.”
“Kelangan ya ben, sesuk dakijoli nggo tuku tiket maneh.”
“Bu, wingi ibu rak sampun setuju kula bidhal Senen? Kok dumadakan mboten pareng?”
“Ibu isih durung rila, Le. Ibu isih kepengin kumpul kowe sedina rong dina engkas, mula
budhala sesuke wae, aja saiki.”
Wiwit cilik aku wis didhidhik bapak supaya tansah mituhu dhawuhe ibu. Nganti bapak
tau ngelingake aku ngene:
“Aja pisan-pisan wani mbantah dhawuhe ibumu. Nadyan dhawuhe iku kleru pisan, ora
perlu kok bantah, luwih dhisik singkirana wae, kajaba yen didhawuhi tumindak dosa. Nanging
iku ora bakal ditindakake ibumu. Ngelingana kowe biyen digembol ibumu sangang sasi, disusoni
nganti rong taun. Prasasat ibumu iku sing menehi pawitan urip marang kowe.”
Mula sanadyan batinku mangkel, aku manut. Dina iku aku ora sida mangkat menyang
Bandung. Sajake mas Slamet bisa maklum, dheweke malah kandha:
“Ora papa, Dhik, wong mung mundur rong dina. Leganana ibumu, ora wurung rak ya
tekan kana. Suk dakperlokake dolan nyang asramamu, aku isih suwe ana kana kok.
Proyeke kuwi kira-kira setaun maneh lagi rampung.”
“Iya, Mas, aku njaluk ngapura ya, kowe wis repot-repot ngampiri jebul aku ora sida
mangkat.”
“Ora pa-pa, Dhik, tenan" ujare. “Kowe kudu nglegani kersane ibumu”.
Mas Slameta sida budhal dhewe, diboncengake sepedha adhine menyang terminal,
dakuntapake nganti wates lurung desa.
Sore iku aku magriban menyang mesjid, mblandhang tekan isya. Sengaja aku nyingkiri ibu sebab
atiku isih mangkel, aku kuwatir yen nganti ketrucut gunemku sing srogol marang ibu merga
emosi.
Jam sanga bengi aku lagi mulih saka masjid. Lagi wae mlebu ngomah ketungka
rawuhe Pak Lurah menyang omahku. Sajak gugup takon marang bapak:
“Mas, putramu mau sida budhal bareng Slameta?”
“Ora ki, Dhi Lurah" saure bapak. "Ana apa ta?”
“Iki aku oleh kabar saka pulisi Kebumen, bis sing ditumpaki Slameta ngalami kacilakan
.“
Bapak mlengak, aku mlengak. Ibu nyaketi aku, banjur ngrangkul aku kenceng banget.
“Anakku ngger, kowe isih ana kene”, sebute ibu. “firasatku jebul bener’
“Lha terus penumpange piye, Dhi Lurah?” takone bapak.
“Ana wong sanga sing mati. Liyane kabeh ngalami tatu, ana sing abot ana sing entheng.”
“Lha Slameta piye?” takone bapak maneh.
“Slameta klebu wong sanga kuwi, lan wektu iki wis diseleh ing rumah sakit. Tekaku
mrene iki kajaba ngabarake bab putramu, uga arep njaluk tulung.”
“Njaluk tulung apa?” takone bapak.
“Aku kancanana nyang Kebumen, marani Slameta.”
“Oh, iya,” saure bapak.
Let sedhela bapak mangkat ndherekake Pak Lurah arep methuk mas Slameta. Sapungkure
bapak, ibu dhawuh:
“Le, Gusti Allah wis ngayomi kowe. Sesuk apa sesuke budhala, ibu nglilani” Aku
gedheg.
“Mboten Bu’ aturku. “Kula mboten estu mlebet dhateng ATEKAD. Mbenjing enjing kula
badhe dhateng Yogya, ndaftar kuliyah ing Pendidikan Guru.”
Ibu mesem sajak bungah banget. Iku kelakon setengah abad kepungkur, sing dumadakan
gawang-gawang katon ing engetanku sawise aku bali ketemu karo dhik Wdodo. Dakangen-angen
upama aku biyen sida mangkat bareng mas Slameta, mbok menawa uga wis bablas bareng
dheweke, sabab lungguhe ing bis ya mesthi jejer
Alhamdulillah aku isih diparengake urip tekan seprene, kanthi lambaran welas asihe ibuku. Ora
krasa eluhku dleweran ing pipi. Aku banjur numpak Honda menyang makam, dzikir lan ndonga
ing sareyane ibu.
“Dhuh Gusti Ingkang Maha Asih, mugi Paduka ngasihi ibu, kados dene ibuu ngasihi kula nalika
taksih bayi. Amin.” (Cuthel)
Comments
Post a Comment